blogger indonesia

iBlogger.web.id Aksesoris Blog by Moch. Iqbal Chahyadi

Sabtu, 08 Juni 2013

Kenangan ing Dufan lan Ancol. Bahasa Jawa



Beberapa waktu yang lalu, sekolah saya mengadakan program study tour.Dan setelah program study tour selesia, kami diberi tugas oleh guru bahasa Jawa kami untuk membuat cerita yang tak terlupakan. Ini ada beberapa cerita (sebenarnya cuma 2 -_- )yang saya ambil dari teman-teman

KENANGAN ING ANCOL LAN DUFAN
          Nalika tanggal 5 April 2013 aku lan kanca-kancaku lunga ing Ancol lan Dufan. Ing Ancol aku ndelok Pentas Aneka Satwa, Pentas Anjingl Laut, GS4D, lan Pentas Lumba-lumba.
            Pertama ing Ancol aku ndelok  Pentas Aneka Satwa, pentas sing pertama aku ndelok manuk Macau. Sing paling lucu nalika manuke njoget gedhek-gedhek kaya wong ayan. Lan ditutup pentas Kudanil, sing mangan Donat Pakistan  sing basa Inggrise yaiku “KATES”.Sing paling serik nalika ing Ancol arep ndelok Pentas Lumba-lumba, masak  aku isih njagong kok wis rampung.
Lebar kuwi aku lan kanca-kanca kumpul nang bis lan mangan-mangan. Ing bis kuwi hawane panas kaya dikukus, saking ora betahe aku ngasi mbediding karo dolanan kencrung. Lebar kuwi aku lunga ing Dufan.
Ing kana aku numpak “HYSTERIA” sakjane aku wedi, tapi kanggo nutupi wediku aku ngejak kanca sing liyane lan nyiapke nyaliku ben kendel. Nalika numpak “HYSTERIA” rasan jeroanku arep metu kabeh saka lambeku, ora bisa ambegan, pokokmen rasane kaya arep mati. Lebar kuwi aku numpak Bom-bom Car, Biang Lala, Halilintar sing rasane kaya “HYSTERIA” saking wedine aku ngasi merem terus, lebar kuwi aku nang Happy Feet sing nyritakake Pinguwin sing digawekaya  4 dimensi. Amarga wektu wis mepet aku lan kanca-kanca kumpul ing bis, lan langsung lunga ing Pantai Marina.


KENANGAN ING DUFAN,ANCOL,LAN ING HOTEL

            Dina iki,Dina Jum’at,aku lan kancaku pada siap-siap menyang Ancol lan Dufan.Sakwise pada siap kabeh banjur pada nang bis.Sadurunge bis mlaku,aku njaluk obat Antimo karo Didik,ning perjalanan Mustika turu,karo Toni,Ivan,Topan,Megi,lan Joko pada ngerjani Mustika.Toni ngekei Salonpas ing lambene Mustika,Topan ngekei Salonpas ing gulune Mustika,Megi,Joko,Ivan pada moto Mustika.Banjur aku menehi kacamata ing Mustika.
            Ora suwe,aku lan rombongan tekan Ancol,ning kono ndelok aktrasi lumba-lumba,berang-berang,lan 4 dimensi.Sakwise ning Ancol,banjur ning Dufan,nang kono,aku numpak Hysteria,rasane wedhi tenan.Sakwise ning Dufan lan Ancol,banjur bali ning Hotel.Ning Hotel aku sak kamar karo Ivan,Robi,lan Joko.Bengi kuwi aku rasane lesu,banjur ak ngejak Ivan tuku Pop mie.Robi ngejak balapan mangan pop mie,ing tengah-tengahan balapan kuwi,Joko crito ula buntung.Ivan nguyu kepingkel-pingkel”hahaha...ula buntung”Sakuwise mangan pop-mie aku banjur turu amarga sesuk bablasan bali ing ngomah




Tidak ada komentar:

Posting Komentar