Beberapa waktu yang lalu, sekolah saya mengadakan program study tour.Dan setelah program study tour selesia, kami diberi tugas oleh guru bahasa Jawa kami untuk membuat cerita yang tak terlupakan. Ini ada beberapa cerita (sebenarnya cuma 2 -_- )yang saya ambil dari teman-teman
KENANGAN
ING ANCOL LAN DUFAN
Nalika
tanggal 5 April 2013 aku lan kanca-kancaku lunga ing Ancol lan Dufan. Ing Ancol
aku ndelok Pentas Aneka Satwa, Pentas Anjingl Laut, GS4D, lan Pentas
Lumba-lumba.
Pertama ing Ancol aku ndelok Pentas Aneka Satwa, pentas sing pertama aku
ndelok manuk Macau. Sing paling lucu nalika manuke njoget gedhek-gedhek kaya
wong ayan. Lan ditutup pentas Kudanil, sing mangan Donat Pakistan sing basa Inggrise yaiku “KATES”.Sing paling
serik nalika ing Ancol arep ndelok Pentas Lumba-lumba, masak aku isih njagong kok wis rampung.
Lebar
kuwi aku lan kanca-kanca kumpul nang bis lan mangan-mangan. Ing bis kuwi hawane
panas kaya dikukus, saking ora betahe aku ngasi mbediding karo dolanan
kencrung. Lebar kuwi aku lunga ing Dufan.
Ing
kana aku numpak “HYSTERIA” sakjane aku wedi, tapi kanggo nutupi wediku aku
ngejak kanca sing liyane lan nyiapke nyaliku ben kendel. Nalika numpak
“HYSTERIA” rasan jeroanku arep metu kabeh saka lambeku, ora bisa ambegan,
pokokmen rasane kaya arep mati. Lebar kuwi aku numpak Bom-bom Car, Biang Lala,
Halilintar sing rasane kaya “HYSTERIA” saking wedine aku ngasi merem terus,
lebar kuwi aku nang Happy Feet sing nyritakake Pinguwin sing digawekaya 4 dimensi. Amarga wektu wis mepet aku lan
kanca-kanca kumpul ing bis, lan langsung lunga ing Pantai Marina.
KENANGAN ING
DUFAN,ANCOL,LAN ING HOTEL
Dina iki,Dina Jum’at,aku lan kancaku
pada siap-siap menyang Ancol lan Dufan.Sakwise pada siap kabeh banjur pada nang
bis.Sadurunge bis mlaku,aku njaluk obat Antimo karo Didik,ning perjalanan
Mustika turu,karo Toni,Ivan,Topan,Megi,lan Joko pada ngerjani Mustika.Toni
ngekei Salonpas ing lambene Mustika,Topan ngekei Salonpas ing gulune
Mustika,Megi,Joko,Ivan pada moto Mustika.Banjur aku menehi kacamata ing
Mustika.
Ora suwe,aku lan rombongan tekan
Ancol,ning kono ndelok aktrasi lumba-lumba,berang-berang,lan 4 dimensi.Sakwise
ning Ancol,banjur ning Dufan,nang kono,aku numpak Hysteria,rasane wedhi
tenan.Sakwise ning Dufan lan Ancol,banjur bali ning Hotel.Ning Hotel aku sak
kamar karo Ivan,Robi,lan Joko.Bengi kuwi aku rasane lesu,banjur ak ngejak Ivan
tuku Pop mie.Robi ngejak balapan mangan pop mie,ing tengah-tengahan balapan
kuwi,Joko crito ula buntung.Ivan nguyu kepingkel-pingkel”hahaha...ula
buntung”Sakuwise mangan pop-mie aku banjur turu amarga sesuk bablasan bali ing
ngomah